Jumat, 11 November 2016

Anekdot Basa Jawi

Kurikulum penddikan

Aku bingung karo sistem pendidikan ing negri iki, jenenge pendidikan kok koyok digawe dolanan. Kurikulum diganti-ganti nggarai pelajare bingung, duduk mung pelajar tok sing bingung. Nanging gurune yo bingung ambi sistem pendidikan ing negri iki. Saben wayah mentrine ganti kurikulume yo melu ganti, opo sak jane nemtokne kurikulum iku kudu manut mentri sing njabat. Nyapo kurikulum sing wis enek kui gak dikembangne wae ketimbang nggawe kurikulum anyar sing bakal ngrubah maneh tatanan sing wis ana. jarene pemerintah pengin pendidikan ing negri iki maju nanging kurikulum  wae ora nggenah digonta-ganti wae piye negri iki kate maju lek carane ngene. Apa pemerintah ora ngerteni yen pelajar sing nrima pergantian kui mau yo nduwe impen  sing pengin diwujudake nanging pas jamane sekolah kurikulum e digawe koyok ngono mau,  sopo sing kate tanggung jawab karo masa depan e pelajar" kui mau.  Ayolah pak aja mentingne kepentingane dewe pikiren kepentingane pelajar" kui mau,  ayo majokne negri iki bebarengan. 

0 komentar:

Posting Komentar