Jumat, 11 November 2016
Anekdot Basa Jawi
03.38
No comments
Kurikulum penddikan
Aku bingung karo sistem pendidikan ing negri iki, jenenge pendidikan kok koyok digawe dolanan. Kurikulum diganti-ganti nggarai pelajare bingung, duduk mung pelajar tok sing bingung. Nanging gurune yo bingung ambi sistem pendidikan ing negri iki. Saben wayah mentrine ganti kurikulume yo melu ganti, opo sak jane nemtokne kurikulum iku kudu manut mentri sing njabat. Nyapo kurikulum sing wis enek kui gak dikembangne wae ketimbang nggawe kurikulum anyar sing bakal ngrubah maneh tatanan sing wis ana. jarene pemerintah pengin pendidikan ing negri iki maju nanging kurikulum wae ora nggenah digonta-ganti wae piye negri iki kate maju lek carane ngene. Apa pemerintah ora ngerteni yen pelajar sing nrima pergantian kui mau yo nduwe impen sing pengin diwujudake nanging pas jamane sekolah kurikulum e digawe koyok ngono mau, sopo sing kate tanggung jawab karo masa depan e pelajar" kui mau. Ayolah pak aja mentingne kepentingane dewe pikiren kepentingane pelajar" kui mau, ayo majokne negri iki bebarengan.
Jumat, 05 Agustus 2016
Cerkak Basa Jawa
22.09
No comments
Kang
Ora Dikira-kira
Wayah
preian semeester is teka.
Wis ora krasa dilut engkas aku wis arep mlebu SMA, ora krasa wis 3 taun aku
ning SMP. Ing preian iki bakalan dadi preian kang ora kaya biasane, preian iki
bakalan dadi preian kang repot banget amarga aku kudu ngurusi syarat-syarat
kanggo mlebu SMA.
Ing
4 dina peratama preian, aku isih bisa dolan karo kanca kancaku. Amung 4 dina
kui sing bisa tak gawe santai amarga sawise kui aku wis ora bisa kumpul bareng
amarga sekolahe ora podo kabeh. Dina petama lann kaloro aku karo kanca
kancaku dolan menyang Yogja, aku lan kanca kancaku budal jam 9 bengi numpak
bis. Ing dalan aku lan kanca kancaku turu amarga sesuk yen uwis teko Yogja ora
bakal isa leren yen mubeng
mubeng kuta Yogja, amarga akeh panggonan kang apik lan mendidik.
Isuk
e pas uwis teko Yogja aku lan kanca kancaku paran
dhisik menyang omahe
budheku. Omahe ora adoh saka alun alun Yogja. Sawise teka omahe budheku aku lan
kanca kancaku ndeleh barang kang digawa ing kamar tamu amarga arep nginep sedino.
Sawise nata barang aku lan kanca kancaku ditimbali budhe banjur dikon sarapan,
aku lan kanca kancaku pamit budal mubeng muben kuta Yogja, sedinnoann dientekne
kanggo mubeng mubeng menyan candi Prambanan, museum Dirganara, Keraton Yogja,
candi Borobudur lan panggonan liyane.
Dina
kaloro ing Yogja aku lann
kanca kancaku arepe dolan menyang gunung Merapi. Ing ndalan sadurunge teko
gunung Merapi pranyata
udan deres, tapi aku lan kanca kancaku ngeyel panggah budhal. Pungkasan e nalika teka gunung Merapi dalane
ditutup amarga bahaya yen udan udan munggah. Akhire aku lan kanca kancaku
mbalek menyang omah e budhe karo kahanan kuciwa, teko omahe budhe aku lan kanca
kancaku leren banjur
sawise leren aku lan kanca kancaku ringkes ringkes barang kanggo digawa amarga bengine aku lan
kanca kancaku arep pamit mulih.
Jam
8 bengi aku lan kanca kancaku budal menyang terminal diterake budheku. Jam 9
bis sing tak tumpak i arep budal, aku lan kanca kancaku pamit marang budheku. Sawise
pamit, aku la kanca kancaku numpak bis lan bis e budal, ing dalan aku lan kanca
kancaku turu. Aku seneng banget amara bisa oleh pengalaman lan perjalanan kang
nyenenngake ing kuta Yogja karo kanca kancaku masio ana rasa kuciwa saitik tapi
kui ora dadi ngopo.
Ora
krasa bis sing tak tumpak i uwis teka
terminal ing daerahku, mudhun
teka bis aku lan kanca
kancaku pamitan mulih dhewe
dhewe. Sawise teka omah aku ndeleh barang
barangku lan pamit leren sawise sarapan amarga awak rasane isih kesel, pungkasane dina katelu entek
digawe leren ing omah. Dina kepapat aku nyiapake berkas berkas kango datar ing
SMA teko fotocopy ijazah, fotocopy SKHUN, fotocopy rapot lan lia liane, dina
pendataran dijatah 7 dina teko sesuk.
Dina
pendaftaran uwis dibukak nanging
aku ora ade ade daftar amarga aku
kuatir yen engko posisiku kesenggol amarga danemku kalebu ala. pungkasane aku daftar nalika dina kepapat amarga
tak rasa isih isa kalebu ing sekolah sing tak tuju. Sisa 3 dina, saben dina tak
delok i posisi ku kegeser apa ora. Menawa kegeser aku kudu langsung cepet cepet
njabut surat pendaftaranku amarga uwis mesti ora klebu. Dino terakhir aku
ndredeg banget amarga posisiku meduk terus, jam 11 aku eroh posisiku ing nomer
2 teko ngisor dewe, aku uwis gupuh amarga wektune kurang sak itik. Jam 11 luwih
web sing digawe ndelok posisi ora iso dibukak amarga pendaftarane arepe di tutup. Aku kuatir yen
ana sing isih arep daftar maneh.
Pungkasane aku mung isa pasrah amarga posisiku
ora aman, pengumuman sing ketampa ing sekolah kui mau 3 dina sawise
pendaftarane ditutup. 2 dina kui aku kuatir banget amarga yen aku ora ketampa
aku kudu sekolah ing sekolah sin adoh. Dina pengumuman uwis teko, jam 8 isuk
aku budal menyang sekolah sing pengen tak leboni, sawise teko aku kudu ngenteni
disik amarga papan pengumumane ora ana hasil pendatarane, jam 9 pengumumane
metu lan dipasang ing papan pengumuman. Aku langsung marani papan pengumuman
lan nggolek i jenengku ing ngisor dewe, tak golek i rada suwi akhire petuk ing
posisi no 4 teko ngisor. Aku ora ngira yen bakal ketampa ing sekolah iki amarga
sekolah iki sekolah sing apik, aku seneng baget bisa klebu ing SMA iki lan
mulai saiki aku bakalan tenanan yen sekolah lan ora akeh dolan lan dolanan.
Langganan:
Komentar (Atom)










