This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

Jumat, 05 Agustus 2016

Cerkak Basa Jawa



Kang Ora Dikira-kira
           
            Wayah preian semeester is teka. Wis ora krasa dilut engkas aku wis arep mlebu SMA, ora krasa wis 3 taun aku ning SMP. Ing preian iki bakalan dadi preian kang ora kaya biasane, preian iki bakalan dadi preian kang repot banget amarga aku kudu ngurusi syarat-syarat kanggo mlebu SMA.
            Ing 4 dina peratama preian, aku isih bisa dolan karo kanca kancaku. Amung 4 dina kui sing bisa tak gawe santai amarga sawise kui aku wis ora bisa kumpul bareng amarga sekolahe ora podo kabeh. Dina petama lann kaloro aku karo kanca kancaku dolan menyang Yogja, aku lan kanca kancaku budal jam 9 bengi numpak bis. Ing dalan aku lan kanca kancaku turu amarga sesuk yen uwis teko Yogja ora bakal isa leren yen mubeng mubeng kuta Yogja, amarga akeh panggonan kang apik lan mendidik.
            Isuk e pas uwis teko Yogja aku lan kanca kancaku paran dhisik menyang omahe budheku. Omahe ora adoh saka alun alun Yogja. Sawise teka omahe budheku aku lan kanca kancaku ndeleh barang kang digawa ing kamar tamu amarga arep nginep sedino. Sawise nata barang aku lan kanca kancaku ditimbali budhe banjur dikon sarapan, aku lan kanca kancaku pamit budal mubeng muben kuta Yogja, sedinnoann dientekne kanggo mubeng mubeng menyan candi Prambanan, museum Dirganara, Keraton Yogja, candi Borobudur lan panggonan liyane.
            Dina kaloro ing Yogja aku lann kanca kancaku arepe dolan menyang gunung Merapi. Ing ndalan sadurunge teko gunung Merapi pranyata udan deres, tapi aku lan kanca kancaku ngeyel panggah budhal. Pungkasan e nalika teka gunung Merapi dalane ditutup amarga bahaya yen udan udan munggah. Akhire aku lan kanca kancaku mbalek menyang omah e budhe karo kahanan kuciwa, teko omahe budhe aku lan kanca kancaku leren banjur sawise leren aku lan kanca kancaku ringkes ringkes barang kanggo digawa amarga bengine aku lan kanca kancaku arep pamit mulih.
            Jam 8 bengi aku lan kanca kancaku budal menyang terminal diterake budheku. Jam 9 bis sing tak tumpak i arep budal, aku lan kanca kancaku pamit marang budheku. Sawise pamit, aku la kanca kancaku numpak bis lan bis e budal, ing dalan aku lan kanca kancaku turu. Aku seneng banget amara bisa oleh pengalaman lan perjalanan kang nyenenngake ing kuta Yogja karo kanca kancaku masio ana rasa kuciwa saitik tapi kui ora dadi ngopo.
            Ora krasa bis sing tak tumpak i uwis teka terminal ing daerahku, mudhun teka bis aku lan kanca kancaku pamitan mulih dhewe dhewe. Sawise teka omah aku ndeleh barang barangku lan pamit leren sawise sarapan amarga awak rasane isih kesel, pungkasane dina katelu entek digawe leren ing omah. Dina kepapat aku nyiapake berkas berkas kango datar ing SMA teko fotocopy ijazah, fotocopy SKHUN, fotocopy rapot lan lia liane, dina pendataran dijatah 7 dina teko sesuk.
            Dina pendaftaran uwis dibukak nanging aku ora ade ade daftar amarga aku kuatir yen engko posisiku kesenggol amarga danemku kalebu ala. pungkasane aku daftar nalika dina kepapat amarga tak rasa isih isa kalebu ing sekolah sing tak tuju. Sisa 3 dina, saben dina tak delok i posisi ku kegeser apa ora. Menawa kegeser aku kudu langsung cepet cepet njabut surat pendaftaranku amarga uwis mesti ora klebu. Dino terakhir aku ndredeg banget amarga posisiku meduk terus, jam 11 aku eroh posisiku ing nomer 2 teko ngisor dewe, aku uwis gupuh amarga wektune kurang sak itik. Jam 11 luwih web sing digawe ndelok posisi ora iso dibukak amarga pendaftarane arepe di tutup. Aku kuatir yen ana sing isih arep daftar maneh.
            Pungkasane aku mung isa pasrah amarga posisiku ora aman, pengumuman sing ketampa ing sekolah kui mau 3 dina sawise pendaftarane ditutup. 2 dina kui aku kuatir banget amarga yen aku ora ketampa aku kudu sekolah ing sekolah sin adoh. Dina pengumuman uwis teko, jam 8 isuk aku budal menyang sekolah sing pengen tak leboni, sawise teko aku kudu ngenteni disik amarga papan pengumumane ora ana hasil pendatarane, jam 9 pengumumane metu lan dipasang ing papan pengumuman. Aku langsung marani papan pengumuman lan nggolek i jenengku ing ngisor dewe, tak golek i rada suwi akhire petuk ing posisi no 4 teko ngisor. Aku ora ngira yen bakal ketampa ing sekolah iki amarga sekolah iki sekolah sing apik, aku seneng baget bisa klebu ing SMA iki lan mulai saiki aku bakalan tenanan yen sekolah lan ora akeh dolan lan dolanan.